Apel Pengetan Ambal Warsa Daerah Istimewa Yogyakarta kaping 271 ing Kalurahan Bandung
13 Maret 2026 09:56:57 WIB
Kalurahan Bandung ngawontenaken kegiatan apel pengetan Ambal Warsa Daerah Istimewa Yogyakarta kaping 271 ing halaman Balai Kalurahan Bandung, Kapanewon Playen, ing dinten Jumat, 13 Maret 2026. Kegiatan menika kalampahan minangka wujud pangurmatan saha rasa syukur dhumateng sejarah lan pangembangan Daerah Istimewa Yogyakarta.
Apel menika dipunrawuhi dening Lurah Bandung, para pamong kalurahan, staf kalurahan saha bhabinkamtibmas kalurahan. Sedaya peserta ngagem busana adat gagrag Yogyakarta minangka pralambang nglestantunaken budaya lan tradhisi Jawa.
Wonten ing amanatipun,Lurah Bandung maosaken sambutan Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta
Sabdatama ''PAHARGYAN ADEGING NAGARI KA-271 DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA'' saha ngaturaken bilih pengetan Ambal Warsa DIY kaping 271 menika dados pangeling-eling tumrap sedaya masyarakat supados tansah nguri-uri kabudayan, ngiyataken raos guyub rukun, saha ningkataken semangat gotong royong kangge mbangun kalurahan lan daerah.
Kanthi semangat kebersamaan lan pengabdian, dipunajab kegiatan menika saged nuwuhaken raos tresna saha bangga dhumateng Daerah Istimewa Yogyakarta, sarta dados motivasi tumrap sedaya unsur masyarakat kangge makarya kanthi temen lan tulus demi kemajuan daerah.
Kegiatan apel kalampahan kanthi tertib, khidmat, saha kebak makna, minangka wujud pangajab supados masyarakat tansah njaga lan nglestantunaken nilai-nilai budaya lan keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
- Pembangunan Talud dan Selokan di Padukuhan Kepil Gunungkidul Telan Anggaran Rp 66,9 Juta
- Pembangunan Sarana dan Prasarana Sumur Bor di Pemakaman Gedong Kalurahan Bandung
- TPA Al-Huda Sayangan Gelar Nobar Kisah Nabi Muhammad SAW, Santri Antusias Menyimak
- Warga Antusias Ikuti Pilur di Nogosari 3 Gunungkidul, Pemungutan Suara Berlangsung Kondusif
- Pilur Kalurahan Bandung di TPS Sayangan Layani Pemilih dari Dua Padukuhan
- Musim Kemarau, Petani Kalurahan Bandung Andalkan Sumur Bor untuk Irigasi
- Truk Dam Muatan Proyek Terperosok Sepenuhnya ke Parit di Jalan Playen-Gading, Warga Geger
Statistik Kunjungan
| Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
| Total Visitor | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |









